Monday, October 17, 2016

kreteg wunengan

mbiyen naliko arep lungo
kekep tak rengkuh ono dodo
[tangis tak aras kebak roso
kowe kondo yen bakal setio

eng sabrang lor kretek ngunengan
abot rasane wong pepisahan

kocap lagi setahun kerjo
aku ketemu konco deso
kondo ojo banet nelongso
jare kwe wes keno goda
aku menyat banjur bali menyang ndeso
kaget ati semu ora percoyo
tekan omah ulem wes ono mejo
sesok esok sliramu ponokromo

oh o rani jebul kowe ngapusi
oh atiku loro kino wong mati
oh o rani jebul kowe mblenjani
oh atiku loro kino wong mati

KANCA PADHA SAINGAN


KANCA PADHA SAINGAN

Kanca padha kanca padha saing saingan,kanca kanca pada kanca pada tukar tukaran
Nambut kardhi Gusti sing maringi, sapa sing nyaingi pada saing saingan2x
Sakbanjure pada plerok plerokan 2x
Wancine wus dadi tambane
            Bergoyang goyang eee 2x
Bergoyang lenggok ee irama kendhang

LADRANG KIJING MIRING

LADRANG KIJING MIRING

Ladrange kijing miring,anelasak uga tansah eling
Rehing rasa rasaning warna warna,uga sembrana tansah gawe cuwa

kijing miring

Ayo ayo mas, iki iki piye
Ayo mas, kijing miring
Mangan graji entek limo
Sholat ngaji cedhak agomo

Ayo ayo mas, kijing kijing miring
Ayo mas, kijing miring
Truk gandeng nggo momot tebu
Yen ra dijembeng ora biso mlebu

Ayo ayo mas, piye piye piye
Ayo ayo mas, iki piye
Tuku arit menyang ngawi
Yen ra dijepit, kok ora muni

Ayo ayo mas, kijing kijing miring
Ayo mas, kok penak miring
Tanjung perak akeh pedhute
Kroso penak mas, wegah ndudute

Ayo ayo mas, kijing kijing miring
Ayo mas, kijing miring
Tuku ciung sak botole
MCne turu ketok gondalan

Ayo ayo mas, kijing kijing miring
Ayo mas, kijing miring
Ono semut mlakune mbrangkang
Nduwur diemut ngisor digrayang

Ayo ayo mas, kijing kijing miring
Ayo mas, kijing miring
Ono kopi rupane ireng
Sofi rodo' gendheng

Ayo ayo mas, kijing kijing miring
Ayo mas, kijing miring
Tali kolor diwadahi botol
MCne slonjor kegeden kentol

Ayo ayo mas, kijing kijing miring
Ayo mas, kijing miring
Jam papat punjul limo
Wonten lepat nyuwun pangapuro

Ayo ayo mas, piye piye piye
Ayo ayo mas, iki piye
Menyang kudus numpak becak
MCne bagus matane kero...

Tuesday, October 11, 2016

kicir kicir

KICIR KICIR

Kicir kicir ini lagunya, lagu lama ya tuan dari Jakarta
Saya menyanyi ya tuan memang sengaja,untuk menghibur hati nan duka
            Burung dara burung merpati,terbang cepat ya tuan tiada tara
            Bilalah kita ya tuan suka menyanyi,badanlah sehat ya tuan hati gembira

Buah mangga enak rasanya ,si mana lagi ya tuan palig ternama
Siapa saya ya tuan rajin bekerja,pasti menjadi warga berguna.

ketaman asmoro

Ketaman Asmara
Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora bisa turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku
Gela rasaning atiku
Arep sambat nanging karo sapa
Nyatane ora kuwawa
Ngrasakke atiku sing saya nelangsa
Wis tak lali-lali
Malah sangsaya kelingan
Nganti tekan mbesuk kapan
Anggonku mendhem ora bisa turu
Apa iki sing jenenge
Wong kang lagi ketaman asmara
Rasane tresna ra bisa lali
Esuk awan bengi tansah mbeda ati

kepranan

Kepranan
Kepranan jroning atiku
nalikane pisanan ketemu
Dasar prio kang sembodo(wanito sulistyo)
wicaksono lan lego ing karya Kepranan solah bawamu
nyoto lantip wasising wicoro
Wirogo sarto wiroko
nyoto ndiko prio kang sembodo(kenyo kang sulistyo)
Jroning batin tuwuh roso tresno
kang soyo ngremboko
Rino kelawan wengi
tresnamu tak anti anti
wong bagus(ayu) tak impi impi
Soko sorote nitramu
yen ra selak sak jroning batinmu
Ora luput anggrahitaku
ono tresno sak jroning atiku

keno godho

Keno Gudho
Nalikane dek jaman semono
Tresnamu setyo lan tuhu
Anane mung tansah ngalembono
Jujur ora nate cidro
Mulo aku tansah animbangi
Tresnaku ginowo mati
Ora ono lingtang kang sumunar
Amung ndiko pepujanku
Sliramu pamit tugas ngayahi
Mrih rahayu ne sessami
Nggonku muji kariyo basuki
Suk kapan anggonmu bali
Peteng ndedet rasaning atiku
Bareng keprungu khabarmu
Nyatane sing kondur mung layangmu
Ora liyo keno godho
Mulo aku tansah animbangi
Tresnaku ginowo mati
Ora ono lingtang kang sumunar
Amung ndiko pepujanku
Sliramu pamit tugas ngayahi
Mrih rahayu ne sessami
Nggonku muji kariyo basuki
Suk kapan anggonmu bali
Peteng ndedet rasaning atiku
Bareng keprungu khabarmu
Nyatane sing kondur mung layangmu
Ora liyo keno godho

janjiku

Pr:
Sak umpomo kakang dadi taman sari,
Mesti wae aku sing dadi kembange..
Kembang melati kang endah edipeni,
Gawe sengsem ati lahir lan batine..

Lk:
Sak umpomo sliramu dadi rembulan,
Mesti wae pun kakang dadi lintange..
Ing angkoso wong loro podho guyonan,
Gegojegan andum talining katresnan..

Pr:
Ing saiki sliramu ono neng ngendi,
Ing taman iki kang nate dadi saksi..
Sumpah janji arep sehidup semati,
Urip bareng nganti tekan kaki nini..

Lk:
Ora suwe aku mesti enggal bali,
Nganti mati tresnaku ra bakal lali..
Duh wong ayu sigaraning roso jati,
Ora liyo sliramu sing tak tresnani..

reff:
kembali keatas..sak umpomo kakang…

Jago kluruk

JAGO KLURUK

Wus wayah esuk jagone kluruk,rame swarane pating kemrusuk
Adhuh senange sedulur tani, bebarengan padha nambut kardhi.

Goyang semarang

GOYANG SEMARANG

Klingkong klingkong numpak andhong ngebel klingklong
Grayah grayah sake kothong kanthong bolong
Adhike ngadhang adendhang goyang semarang
Iringane boning kendhang rebab gambang
Ilang samar atiku ora sumelang
Ora cemplang ngumandhang goyang semarang

Sunday, October 2, 2016

kencono katon wingko

Ora koyo dek semono
Katresnanmu pancen nyoto
Anane mung tansah ngalembono
Ora nate gawe gelo

Mulo aku yo nimbangi
Tuhu tresno sarto bekti
Tresnaku ora mung ono lati
Nanging sak terusing ati

*)
Opo boyadarunane
Saiki mung lamis wae
Katon yen wis ora nggape
Sak solahe mung tansah ngece
aduh gek kepiye

Tak rewangi loro lopo
Nanging yekti tanpo guno
Pancen sliramu wis ora tresno
Kencono mung katon wingko

reff :
kembali ke *)

kembang rawe

Ceritane wong seneng tunggal sak bale
Wiwitane lungguh jejer sakbendinane
Soyo suwe saben jejer nyekel tangane
Banjur ngomong mas aku trisno kuwe
Ceritane wong seneng tunggal sak bale
Wiwitane lungguh jejer sakbendinane
Soyo suwe saben jejer nyekel tangane
Banjur ngomong mas aku trisno kuwe
Kembang kenongo atiku digawe loro
Kembang melati agawe larane ati
Kembang kecubung atiku digawe bingung
Kembange mawar tresnaku wis kadhung buyar
Mulo wong tresno ora keno nggo sembrono
Ora becik kanggone poro wanito
Kembange rawe iku paribasane
Tinimbang rame luwih becik tak tinggal wae
Reff :
Kembali ke atas…

kelingan

KELINGAN

sak pungkure tak tutup lawang atiku
ra ono sing ngleboni
nyenyeting sepi rikoyo sepi atiku
nglangut tansah ngenteni

kelingan esemu
kelingan guyune
kelingan kelingan kelingan kabehe

yen nyawang lakune katon gregetake
ojo ojo ojo aku di tinggalke
nyenyeting sepi nambahi kangening ati
lungo ra bali - bali
sak balimu aku tansah tetep nunggu nganti putih rambutku....

kelinci ucul

kelinci ucul

ngubengi kuto sak terusi
neng desa - desa
mergo aku anggoleki sing tak tresnani klinciku ucul
lunggo mangetan suroboyo terus nyang bali
panggulon lunggo nyang bandung
ora ketemu terus nyang jakarta
jebul ora ketemu aduh klinciku
ojo mbedo aku terus bali nyang semarang
klinciku wus ono kandhang


lha jebulane grusa grusu keburu nafsu
wekasane montang manting ragat e akeh
aku dewe sing kebanting

kayungyun

bingung rasane atiku
temah wuyung eman ra ketemu
ngalamun tan sido kondo
tansah ngungun kenyo kang sulistyo

senadyan adoh papane
rasane koyo cedak ing kene
gawang - gawang ngawe - ngawe
kelingan marang solah bawane

kepranan jroning atiku
yen nyawang sumunare netramu
tansah anandang asmoro
trus kayungyun pasrah sing kuoso

prasasat saben dinane
lali wayah lirwa ing temune
tak puji rino lan wengi
mugi kayungyun gyo antuk jampi

kangen bojo

Ketawang suwaramu
Kelingan manise esemmu
Kang tansah ngeridu
Gawe kangen roso atiku

Loro nelongso
Roso kebak ning jero dodo
Sepine uripku
Ora endhah tanpo sliramu

Udane grimis wayah wengi
Soyo nambah kengene ati
Panglipurku mung nyawang poto
Koyo ngene rasane kangen bojo

reff :
kembali ke atas..

kalulut

kalulut

jane kurang bagus pasuryane
nanging malah gawe bingung
sajawa priyo pinilih, bebasan
ora nglanturke tresnaku
jane kurang sugih, pasuryane
nanging saya gawe lingglung
gandes sak solahe bawane, elak e....
soyo nambahi tresnaku....
kecute mundu sanadyan agawe linu tak roso sepete madu yo mas...
wong ing mahuni tak roso gendising jawi, bungah susah tak lakoni...
jane menopo sing dipadosi, kecawi nolo kang suci
dudu bondo dudu rupo, yektine...tresna ati kang sejati

kacu kuning

Kacu kuning

kelingan marang janjimu, wong bagus...
nyidrani saiki njur lali
rusake awakku iki amargo mikir kowe sing tak tresnani
rasane ono dadaku wong bagus, kowe lungo ra pamit aku
saiki adoh dunungmu, mung kacu kuning tondo katresnanmu
kacu kuning dadi pepeling, naliko mbiyen iseh nyanding
rono rene isih tak gowo, ora biso pisah nadyan mung sedelo
gage - gage ndang baliyo wong bagus, wus kangen ketemu sliramu
kacu kuning tak jak nunggu, baliyo..
wong bagus kumpul karo aku

kacu kacu

Kacu - kacu

kacu kacu iki
sing menehi sak iki wus lali
aku naliko nampani
kanthi janji sehidup semati
kacu kacu iki
nganjungpeni sak jroning ati
aku mung kari ngelingi
kanti........sing wis dilakoni
dek mbiyen biyen e jare ne kondo dewe
dadio gantine