Sunday, October 2, 2016

kayungyun

bingung rasane atiku
temah wuyung eman ra ketemu
ngalamun tan sido kondo
tansah ngungun kenyo kang sulistyo

senadyan adoh papane
rasane koyo cedak ing kene
gawang - gawang ngawe - ngawe
kelingan marang solah bawane

kepranan jroning atiku
yen nyawang sumunare netramu
tansah anandang asmoro
trus kayungyun pasrah sing kuoso

prasasat saben dinane
lali wayah lirwa ing temune
tak puji rino lan wengi
mugi kayungyun gyo antuk jampi

No comments:

Post a Comment