Monday, June 20, 2016

jandaku

jandaku mbiyen,,,tambah seksi
Jandaku


Istri yang kuceraikan dulu
Menangis di tengah hari
Menyesal tiada berguna
Tak akan ku kembali lagi

Karena sakit hatiku
Tak tahan aku menunggu
Kunasehati kau selalu
Agar jangan lekas cemburu

Reff :

Anak yang ada padamu
Jangan kau sia-siakan
Anak yang ada padaku
Selalu memanggil namamu

Biarpun kupendam jemu
Asal anakku dijaga olehmu

Dengarkan wahai jandaku
Carilah jodoh yang lain
Usah kau merana selalu
Berdosa jikalau tak kawin

jambu alas

Kelingan manis eseme trus kelingan ramah gemuyune
Tresno lan kasih kasih sayange karep atiku klakon dadi bojone
Sayange wes duwe bojo nanging aku aku wes kadong tresno
Nelongso rasaneng ati yen aku ra klakon melu nduweni

Jambu alas kulite ijo seng di gagas wes duwe bojo
Ada gula ada semut durung rondo ojo di rebut

Sumpah neng batin yen kulo tidak di kawin
Tekating ati ora bakal luru ganti
Sumpah wes janji arep sehidup semati
seneng seding bareng bareng di lakoni

Jambu alas ndok manis rasane
Snajan tilas tak enteni rondone

jaranan

JARANAN
Jaranan jaranan jarane jaran teji2x, sing nunggang ndara behi
Sing nggiring para mantri, jeg jeg nong jeg jeg gong
Jeg jeg kecemplung lurung, gedebug krincing 2x
E e gedebug jeder

jenang gulo

ra kelingan, aku golek maneh mas,,ra urusan
Jenang gulo,
kowe ojo lali marang aku iki yo kangmas
Nalikane nandang susah sopo sing ngancani,
Dhek semono aku tetep setyo serta tetep tresno yo kangmas.
Durung nate gawe gelo lan gawe kuciwo
Ning saiki bareng mukti kowe kok njur malah lali marang  aku
Sithik-sithik mesti nesu terus ngajak padu
Jo ngono… ojo ngono…
Opo kowe pancen ra kelingan jamane dek biyan yo kangmas
Kowe janji bungah susah padha dilakoni

joko lholo

JOKO LHOLO

wus meh wanci lingsir wengi
sijoko tan bisa nendro
gumludung ijen neng amben
nandang susah kang tanpa upama

banget ngganiro nelongso wong
tininggal bapa lawan reno
puluh - puluh wus bejane saemgga
kaya den pinilala

datan kendhat nggeniro, kuciwo
ngungun lelakoniro
tansah ngupoya sapandalu marganing laya
ora sanak ora kandhang mitra wae
yen apilih janma
kapan baya tinarima nggenya brata
bisa paripurno sing tegen lan temen

joko mlarat

joko mlarat

mlarat ku goro goro kowe dik
wiwit mbiyen mulo, aku lak wis kondo
aku wong nisto ora mbondo donyo
joko mlarat wong tuwamu pangkat
aku rekoso uripmu wis mulyo
iki wis wancine kowe dijodohke
karo prio bagus sing podo sugihe
ora nyono lan ora nglegiwo
yen sliramu tego polokromo
srengenge ngulon parane
yen bengi rembulane jenenge
koyo ngene rasane wong ra nduwe
tresno tekan kok anggep sepele
srengenge ngulon parane
yen bengi rembulan jenenge
esuk tempe sore dadi dele
tresnamu mung abang - abang lambe

jago kluruk

JAGO KLURUK

Wus wayah esuk jagone kluruk,
rame swarane pating kemrusuk
                  Adhuh senange sedulur tani,
                  bebarengan padha nambut kardhi.

jaluk pegat

wis ra penak, ngonan mu cilik
Pr :
Pancene bener omonge tacik
Remuk kabeh dadi bojomu
Mbendinane mbok keplaki
Mbok gebuki mbok pisui

Lk :
Sebab kakean cangkem,
Dadi wong wedok
Jok cerewet dik,
Karo wong lanang

Pr :
Yo mesti wae ,
Ora mbok ingoni,
Ora mbok openi
Wani rabi mas..Kudu tanggung jawab

Yen jek seneng kelon mas
Ojo moro tangan
(Ojo kereng kereng to mas karo aku)

Reff :
Pr :
Melarat tak belani,
Mbumbung tak openi
Opo ngene dibukak
Kelonan nomer siji,
Mergawe nomor pitu mangan watu

Nganggur taun taunan
Mangan gak melok adang
Cek nggantenge raimu
Aku wis ora kuwat
Cepet golekno surat
Ndang di pegat

Lk:
Ojo nekat dik ojo ojo njaluk dipegat
Sebab pegatan saiki surate larang

Reff :
Kembali ke atas…

Duet :
Sebab pegatan saiki surate larang, 2X

ilat tanpo balung

Panas mongso ketigo, wawas sing tak kroso
sengojo lali,aku wis kenal iki marai,,,seksi,,,,lha kowe,ra tau adus
Tiwas aku teko, mbok tinggal lungo
Tegane atimu, ninggalake aku
Kebangeten, kebangeten awakmu

Bareng sing tak rasa’ke, ilat tanpo balung
Janji mlaku mlaku, mbok tinggal mlayu
Nibo tangi aku, aku ngoyak awakmu
Tulung, entenono aku

Opo ra kelingan, biyen kowe kuwi sopo
Loro tak obati, bareng mari kowe lali

Paribasan peksi, mabur dhuwur eling bali
Aku kok apusi, sak tenane aku ngerti
Ilat tanpo balung, wis ditulung malah menthung
Sak karepmu, tutugno lakumu

Reff :
Bareng sing tak rasa’ke, ilat tanpo balung
Janji mlaku mlaku, mbok tinggal mlayu
Nibo tangi aku, aku ngoyak awakmu
Tulung, entenono aku

Opo ra kelingan, biyen kowe kuwi sopo
Loro tak obati, bareng mari kowe lali

Paribasan peksi, mabur dhuwur eling bali
Aku kok apusi, sak tenane aku ngerti
Ilat tanpo balung, wis ditulung malah menthung
Sak karepmu, tutugno lakumu
Sak karepmu, tutugno lakumu

imbangngono katresnanku

saben dina mung ngalamun
jroning sepi sepi samun
amung tansah kadulu
wewayanganmu duh kang mas wong bagus
rina lintang biso lali
soyo angrunti ing ati
lelewane wong bagus tansah kumanthil
tetep ra imbang,yen ketemu koyok ngene
ing padhang ing netro

opo tego siro kang mas
cidro ing janji
misahne katresnan jati
lamun mengkono piye katresnanku... piye katresnamu

mongko kang mas katresnanku
bebasane kan biso tinuju
cundhuk lan prasetyanku tak korbana ake jiwa lan raga ku


impenku

Dek mau bengi, wancine jam siji
Kedadak tangi, krungu uwong nothok thori
impenku mau bengi,,,,,gurih
Tak rungok’ake, keprungu guyone..
Tak gatek’ake, mangsuline semengawe..

Alon-alon.., aku ngajak guyon..
Terus sumandhing.., wonge ilang..jebul guling…
Aduh impenku, suwe tan ketemu..
Tego mring aku..kabarmu piye wong bagus..

reff :
Alon-alon.., aku ngajak guyon..
Terus sumandhing.., wonge ilang..jebul guling…
Aduh impenku, suwe tan ketemu..
Tego mring aku..kabarmu piye wong bagus..

ireng manis

Ireng Manis
ireng manis ra po po,,,ning nganggenni
Yen kelingan lelakon ku cah manis
Naliko ing pamulangan
Aku duwe konco putri, grapyak
Ayu lahir lan bathine
Bareng dolan ning omahku, perlune
Mung sinau bebarengan
Suwe-suwe aku tresno margo
Kelingan ireng manise
Nanging cuwo, ora biso urip bebarengan
Senajan aku wis sumpah, tetep tresno lahir bathin, eee,eee.
Mung jalaran pepisahan, dipekso omah omah wong tuwane
Tresnaku ra biso ilang, margo kelingan ireng manise

bawa ijo ijo

Bawa :MEMANISMU ANGUJIWAT
            AGAWE RUJITING NGGALIH
            RARA APA KANG SINEDYA
            UPAMA MUNDUTA RUKMI
            TERTEMTU TAK TURUTI
            IBARAT WONG NUMPAK PRAHU
            LUMAMPAH TANPA WELAH
            NENG MADYANING JALANIDHI
ijo ijo wernane mesti
            TEMAH GONJING ANGGENJING ING PAGULINGAN
Ijo ijo siji opo loro,pilih siji sing gemati
Yen loro apa ora kanggo aku sing cotho
            Ijo ijo godhonge jati, godhong jati suwek pinggire
            Duwe bojo sing gemati, yen gemati tentrem uripe
Ijo ijo godhonge mbayung, enake dingo gudhangan
Duwe bojo atine binggung, rina wengi golek sandhang pangan
            Ijo ijo godhonge bayem , enake di bumbu trasi
            Duwe bojo atine ayem, rina wengi tansah dikancani

hangenteni

Hangenteni

Angenteni timbuling selo kang langking
sileme prau gabus,
ngenteni pokok e
meh wae rasaku arep mupus
ora kendhat rino lan wengi jroning ati
trasa gawe anjentung
lan bingung kasurung marga wuyung
kuciwane wong manis adoh papane
adoh sesawangan
nanging kaya tansah nyanding
tak enteni mapan sapinggiring margi
najan nganti tan rindu
karepku sedyaku tanpo jemu

Hanelongso

Hanelongso

banget ora ngiro nelongso atiku...
Hanelongso tenan yen weruh iki
sarawunge kang ngedohi papane
pancen di pisahne dene panggawene
datan sarju mung tansah antu ampun

memanismu kanyoto dadi atiku
jo kuwatir nora kendhat gon ku tansah mikir...

ojo hanelongso
urip e manungso...
wus ra pesti mring kersane hyang widhi



Wednesday, June 15, 2016

gambang suling

GAMBANG SULING

Gambang suling ngumandang swarane,
Tulat tulit kepenak unine,
U…..nine mung
nrenyuhake barengan lan kentrung
Ke-tipung suling sigrak kendangane.

gandrung

GANDRUNG

Wong gek lagi gandrung ra peduli bledose gunung,
wong gek lagi naksir ra peduli yen prang nuklir
.nadyan lagi bokek direwangi tretak tretek,
 jarene wis jodo opo2x duweke wong loro,
Wong gek lagi kepikat ra peduli donya kiamat,
wong wis ngucap janji ra peduli lagi inflasi,
nadyan ora duwe duit direwangi kredat kredit,
 jarene wis jodo opo2x duweke wong loro,
Irung bangir weke sapa dek,
janggut nangkis,
 lambe manis,{yo duwekmu}
Iki piye 2x weke sapa3x mesthine ana sing duwe

gelang kalung

Gelang kalung sing tak tompo
Ngelingake jamane semono
Naliko biyen biyene
Tresno aku nganti sak lawase

Opo kuwe ra kelingan
Janji pengen urip bebarengan
Ben dino amung tak roso
Opo pancen sliramu ra kroso

Opo sliramu ra getun
Mung rekoso urip ono nggunung
Bungah susah dilakoni
Yen rejeki ono sing maringi

Gelang kalung dadi saksi
Mugo sliramu ra bakal nyidrani
Wiwit ndunyo nganti akhir
Duh wong bagus sing tak pikir pikir

reff :
kembali ke atas …..

gethok

Gethuk
Sore sore Padang bulan
Ayo konco podho dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame rame e … do gegojegan
Kae-kae rembulane
Yen di sawang kok ngawe-awe
Koyo-koyo ngelengake
Kanco kabeh ojo turu sore-sore
…Gethuk
Asale soko telo mas
…Moto ngantuk
Iku tambane opo
…Ala ala gethuk
Asale soko telo mas
…Yen rak pethuk
Atine rodo gelo
Ojo ngono mas
Ojo-ojo ngono
Kadung janji mas
Aku mengko gelo

goyang semarang

GOYANG SEMARANG

Klingkong klingkong numpak andhong ngebel klingklong
Grayah grayah sake kothong kanthong bolong
Adhike ngadhang adendhang goyang semarang
Iringane boning kendhang rebab gambang
Ilang samar atiku ora sumelang
Ora cemplang ngumandhang goyang semarang

gugur gunung

GUGUR GUNUNG

Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyaning praja , kene kene gugur gunung tandhang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane,lila lan legawa kanggo kamulyaning praja
            Siji loro telu papat maju papat papat ,diulang ulungake mesthi enggal rampunge
            Holobis kuntul baris 3x

gunung kidul

GUNUNG KIDUL
Sinawang pancen asri, gunung kidul nyatane lestarii
Pembangunan katona merak ati, bisa gawe kepranan kang amurangi

            Sayuk sayuke-ka patri,gotong royong rakyate tan nguciwani
            Tansah setya dhawuhe pangaji, mahayani gunung kidul handayani.

elo elo gandrung

ELO GANDRUNG

Elo elo tansah gandrung gandrung, dasar rina wengi tansah gandrung gandrung
Dasar kepara nyata gandrung, gandrung dumadine kemakmuran……………
e…..a…………eo…………..dasar elo elo gandrung ,gandrung marang kemakmuran
rina panta rahing wengi, tansaha senak lan tara kanggo kamulyaning praja
sak enggening jaya brana angegung saking praja, ayem tentrem adil makmur tansaha ayem ing praja.

esemmu

Esemu

sue ora ketemu cah ayu,
gawe gandrunging atiku,
tak suwun rinten lan dalu
pamujiku manggiha rahayu
la piye genah - genah ya gene
tak antu - antu kabare, ora esuk ora sore mung
kelingan sak solah bawane

Reff:
Nadyan mung krungu suwarane
apa maneh yen nyawang eseme
bebasan segara madu, kalah manis sing manis
pancen esemu.
iba bungahing ati cah manis
antuk nugrahing gusti
nora mung jroning impenku
bisa nyandang sliramu cah ayu

gagat enjang

Gagat enjang'

gagat enjang wanci bangun pungun - pungun
trus ngalamun ngungun wruh tibaning embun
kae surya mungup ing tanceping langit
mrebawani jagat kabeh kaweratan
ingkang maweh daya urip ing sagung dumadi
surya candra kartika amengku daya
saya mantep ngagungke asmaning gusti
maha kasih sayekti kang maha suci

denpasar arjosari

Tanggal 30 Oktober dek wingi
SMSmu isih ono Hp iki
Tak simpen ono njero Folder Pribadi
Terus tak woco saben awan saben bengi
Soko terminal Arjosari (Arjosari)
Kowe pamit budhal nang Mbali (nang Mbali)
Emboh Denpasar embuh ngendi (Pasar Sapi)
Emboh Kecantol cowok australi

Barang saiki kok ngajak bubar
Opo kowe kepincut cowok Denpasar
Keputusanmu Bulat tekatmu
Mung pandunganku padhango dalanmu

Sing penting aku west au ngrasakke
Yen ngajak pisah aku mung manut wae
Joko dudo Denpasar akeh tunggale
Pilih ketut, opo Wayan opo Made

Ora prawan ora Rondho
Aku ngerti kowe sopo
Ora joko ora dudo
Karo aku jane podho
Aku wes mbok wanti-wanti
Ojo nganti aku lali
Tapi engkau lupa diri
Cintaku kau bawa pergi

Timbang Mikir kowe penak turu wae
Sopo ngerti aku ngipi pethuk kowe
Njrone ngimpi terus tak jak ngene??
Yen ra gelem penak diplekotho wae….

dadi ati

Langgam “Dadi Ati”
Nggoleki sing koyo ngopo
Wong nyatane kelakon sprene
Angger-angger gandro
Wekasane malah mbangun tresno
Dudu bandha dudu rupa
Mung atine dadi tetaline
Guyup rukun kadya
Pepindane mimi lan mintuno
Wis jamak lumrahe
Yen wong urip, coba lan godane, gedhee
Supradene ora nganti
Ndadak dadi gawe,eeaeoo
Rino lan wengi dadi ati eea
Wong kang sabar luhur bebudine
Dasar gemati
momong putra alus bebudine

Monday, June 13, 2016

cengkir wungu


Sepungkure, nora tau kalegan atine
Sedinane, amung tansah keduwung tindak’e
Pinupuso tan sayekti, wus dadi setyane
Nora wurung pinandak’o, tan becik dadine

Mung saiki, kudu nrimo nelongso ning ati
Mrih yuwono, kinalisno ing sambikalane, sak teruse..
Cengkir wungu, wungune soko ketiban ndaru
Wus pesthine, yen sliramu pisah karo aku


reff :
Sepungkure, nora tau kalegan atine
Sedinane, amung tansah keduwung tindak’e
Pinupuso tan sayekti, wus dadi setyane
Nora wurung pinandak’o, tan becik dadine

Mung saiki, kudu nrimo nelongso ning ati
Mrih yuwono, kinalisno ing sambikalane, sak teruse..
Cengkir wungu, wungune soko ketiban ndaru
Wus pesthine, yen sliramu pisah karo aku

cidro

Durung nganti garing catu sing ning atiku
Tego – tegone sliramu nambahi loro bathinku

Aku ora percoyo nanging kabeh iki nyoto
Cetho ning ngarepe moto yen sliramu kuwi cidro

Panas – panase serngenge kuwi
Kang nguliti awak iki
Nanging isih panas rasaning ati
Nyawang kedadean iki

Lungo awakku sing kudu lungo
Timbang batinku leloro – loro
Ra bakal awakku iki bali nemoni sliramu

Lilo awakku iki wes lilo
Senajan loro neng jero dodo
Yen pancene uwis nasibku
Kudu pisahan karo awakmu

Aku ora percoyo nanging kabeh iki nyoto
Cetho ning ngarepe moto yen sliramu kuwi cidro

Panas – panase serngenge kuwi
Kang nguliti awak iki
Nanging isih panas rasaning ati
Nyawang kedadean iki

Lungo awakku sing kudu lungo
Timbang batinku keloro – loro
Ra bakal awakku iki bali nemoni sliramu

Lilo awakku iki wes lilo
Senajan loro neng jero dodo
Yen pancene uwis nasibku
Kudu pisahan karo awakmu
Yen pancene uwis nasibku
Kudu pisahan karo awakmu

cinta tak terpisahkan

Duh Denok gandulaning ati, tegane nyulayani
Janjimu sehidup semati, among ono ing lathi
Rasa sayangmu sudah pergi, tak menghiraukan aku lagi
Duh Denok gandulaning ati, tegane nyulayani
*courtesy of LirikLaguIndonesia.Net
Duh Kangmas jane aku tresno, lilakno aku lungo
Ati rakuat nandang roso, roso keronto-ronto
Cintamu sudah gak beneran, aku cuma buat mainan
Duh Kangmas jane aku tresno, lilakno aku lungo

Tresno iki dudu mung dolanan, kabeh mau amargo kahanan
Seng tak jaluk amung kesabaran, mugi Allah paring kasembadan

Mung ngedem atiku, ben aku ra mlayu
Dan tanggung jawabmu, iku palsu

Denok aku cinta beneran, pasti akan kubuktikan
Bapak ibuku akan datang, melamar dikau sayang

Hatiku slalu mendoakan, semoga Tuhan mengabulkan
Cinta kita tak terpisahkan, walau di akhir jaman 

cucak rowo

Kucoba coba melempar manggis, manggis kulempar mangga ku dapat
Kucoba coba melamar gadis, gadis kulamar jandha ku dapat

            Saiki jamane jaman edan , wong tuwa rabi perawan
            Perawane yen bengi nangis wae, amarga wedi karo manuke

Manuke manuke cucak rawa, cucak rawa dawa buntute
Buntute sing akeh wulune, yen digoyang aduh enake

caping gunung

Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi
Ning saiki ana ngendi

Jarene wis menang
Keturutan sing digadang
Biyen ninggal janji
Ning saiki apa lali
Ning gunung

Tak jadongi sega jagung
Yen mendung
Tak silihi caping gunung
Sukur bisa nyawang
Gunung desa dadi reja
Dene ora ilang
Gone padha lara lapa

batman ndeso

Aku iki dudu superman
Aku iki dudu Batman
Aku iki mung bocah ndeso
cedak watu adoh rojo

Omah gedeg pinggir kalen
Gaweyanku mung golek damen
Sapi siji wedusku telu
Warisane wong tuaku

Nadyan urip neng ndeso anging atiku lilo
Nadyan urip rekoso nanging ora tak roso
Urip neng ndeso ...

Reff. Saben dino neng sawah - macul lan nyebar gabah
Nanging ati iki tansah sumringah

Bungah rasane ati - panen wis tekan wanci
Kabeh Tonggo dho ngewangi

Ora nyono aku ra ngiro
Saiki dadi polo deso
Tak umpamakno aku rojo
Pengin gawe makmure negoro

Becak Solo

Becak Solo
Becak Solo mlakune alon prasaja
Sing nyopir sopan santun tata karma
Genjotane mantep ora ngresula
Tumpak’ane ora nyuwara menakke rasa
Becak Solo rina wengi datan kemba
Wira wiri golek penumpang ngupaya upa
Ora ninggalke peraturan sing wis ana
Becak Solo nyata rag awe kuciwa
E pak becak kula mang terke ten mbuderan
Bunderane ten sisih pundi wong ayu
Nika ketok melok-melok bunderane
Nika wonten bunderan Banjarsari
Pak becak kula numpak bola-bali
Ndika purun kula bayar kalih niki
Ndika purun kula bayar kalih niki
Purun mawon angger kula mboten rugi
Nyopir becak rina wengi pados rejeki
Nyopir becak rina wengi pados rejeki

BENGAWAN SOLO

BENGAWAN SOLO

Bengawan solo riwayatmu kini, sedari dulu jadi perhatian insane
Musim kemarau masih ada airmu ,di musim hujan air mengalir sampai jauh
Mata airmu dari solo, bergunung gunung seribu,
Air mengalir sampai jauh airnya kelaut
Itu perahu ingatanmu dulu, tahun ke tahun jadi ingatan selalu…………………

BENGAWAN SORE



Ning pinggire bengawan tansah setya ngenteni sliramu
Eling eling jamane semana wus dhungkap pitung ketiga
Ning pinggire bengawan saben saben mung tansah kelingan
Wus prasetya ing janji kang suci ing lahir terusing batin
Sanadyan kaya ngapa manungsa mung bisa ngreka lan njangka
Gusti kang paring idi lan pesthi kita sak derma nglampahi
Ning pinggire bengawan wayah sore sansaya kelingan
Gawang gawang esemu cah ayu agawe sedhihing atiku.

bojo loro

Abang biru lampune disko
Awak kuru Mas, mikir bojo loro
Bojo sing enom njaluk disayang
Sing tuwo ‘njur wegah ditinggal

Sirah mumet ora bisa turu
Andum trisno Mas, ugo andum waktu
Mikir butuhe, mikir blanjane
Njur saiki bingung atine

Telung dino mulih rono
Telung dino bali neng kene
Sing sedino kanggu sopo
Sing sedino kanggu wong liyo

blegedut

Blegedut

enek - enak neng omah gumlethsk
tangi - tangi yen wis dicepaki
piring kolak lawuh iwak branak
kebul - kebul wedang kopi paitlegi

ono pring, pringe awoh manggis
sang blegedut karo lenggat - lenggut
nyambi udut kebut koyo pedhut
manggut - manggut nglaras suwarane kutut

elok yen digagas elok
njagakke kayane wong wedok
teko lungo ra disopo
koyo wis pasrah mongso bodho, o
wong mukti ojo dimereni
kabeh kuwi gusti sing maringi
wus bejane, bejo dewe - dewe
mugo - mugo bisa awet selawase

blitar

Blitar
Blitar kutha cilik sing kawentar
Edi peni gunung Kelud sing ngayomi
Blitar jaman Jepang nate gempar
Peta brontak sing dipimpin Supriyadi
Blitar nyimpen awune sang Nata
Majapahit eneng candhi Penataran
Blitar nyimpen layone Bung Karno
Proklamator lan presiden kang kapisan
Ana crita jare patih Gajahmada
Ingkang bisa nyawijekke nuswantara
Lan uga Bung Karno kang kondhang kaloka
Eneng tlatah Blitar biyen cilik mula
Ora mokal Blitar dadi kembang lambe
Ora mokal akeh sing padha nyatakke
Yen ta geni ngurubake semangate
Yen ta banyu nukulake patriote

putri gunung


Bocah Gunung / Putri Gunung

Nadyan aku bocah nggunung
doh banget dunungku,
ora susah kanthi nganggo bingung,
yen ta pancen tresna aku,
pancen isih dadi lakon ninggalke sliramu
ra orane yen bakal kelakon
pepisahan karo aku
muga - muga aja nganti gawe gawe gela
nga dinonga tinebihna rubeda.
lah ya mas ya mas ya mas
apa kowe ra kelingan
dolan neng omahku,
ana latar padha lelungguhan gegojekan karo aku.

butho butho galak


 BUTA GALAK

Buta buta galak, solahmu lonjak lonjak, ngadeg sigrak sigrak, nyandhak sampur nuli tanjak, tanjak bali maneh rupamu ting celoneh, kae kurang apa, tak senggoh kurang
alasan, lha wong kowe sing marah-marahi 2x, ngono aja ngono hihi aku wedi , galo kae galo kae rupane plerak plerok, kulite ambengkerok, mung kulite ambeng kerok.

bagus adine

Bagus Adhine
Aku bingung pilih endi
Bocah lora sarwa edi peni
Siji kakang siji adhi
Kabeh bagus gus…bagus gus….bagus….
Gawe bingung atiku
Cah loro padha gagahe
Yen sinawang kabeh nyenengake
Mesthine ana bedane
Yen kon milih lih….milih lih….. milih….
Aku milih adhine
Tuku jagung neng sar Legi
Aku bingung pilih endi
Kebacut luguning ati
Tuku kerdhus neng sar Gedhe
Sing bagus bagus adhine
Sing ngganteng ngganteng kangmase
Tuku jagung neng sar Legi
Aku bingung pilih endi
Kebacut luguning ati
Tuku kerdhus neng sar Gedhe
Sing bagus bagus adhine
Sing ngganteng ngganteng kangmase

bajing loncat

Bajing luncat, bajing luncat
Ka astana aduh
Abdi lepat narosan
Teu ti anggalna

Bajing luncat, bajing luncat
Ka astana ieuh

Abdi lepat narosan
Teu ti anggalna


Ku teu sangka salira bet
luas pisan

Teu hawatos
Ka nu kesel ngantos ngantos

Api api teu emut kana pasini
Pasini pakait ati
duh pakait ati

balen

Balen

Jan jane dhik aku wis rindu
wis rong tahun lawase oro ketemu
eling - eling dhik jamane semono
runtang - runtung anane ra ono liyo

jan jane mas aku wes lali
gelang alit bebasan kanggo munggwing driji
nora gampang tambane cuwaning ati
ra semoyo mas aku ora janji

horo toyo nganggo theklek kecemplung kalen
timbang golek luwih becik aluwung balen

sabar mas wong sabar ora kesusu
yen kesusu tundhone wis mesti kleru



tak rewangi jiwo rogo tulusing ati

sabar mas bola - bali wis tak aturi


bali kumpul

Bali Kumpul

Suwe ora jejamu mas
jamu pisan godhonge meniran
wis suwe ora ketemu,
temu pisan neng ati tratapan
suwe ora jejamu dhik
jamu pisan godhonge kecubung
wis suwe ora ketemu
temu pisan neng ati bingung

karangpandan tawang mangu
ora kencan kok ketemu mas karo sliramu

tuku ace wadhahi kreneng
nyedhako mrene nggo tombo kangen
yo dhik yo nggo tombo kangen

mikul suket dientul- entul
timbang ngampet ayo bali kumpul mas
ayo bali kumpul

tak kawat di untir - untir
ora kuwat rasane pikir yo dhik yo
rasane pikir

yen mengkono kersamu mas
kulo amung manut - manut wae
katimbang getun mburine
becik ayo bali kumpul

Friday, June 10, 2016

ange orong orong

Ange ange orong orong

netes banyune moto
aku nangis ketiban ondho
rondo tak kiro prawan
bareng tak rabi anak e sak gudang
pancen aku wis rondo,rondo tuo anakku limo
nanging aku seh biso diwolak walik
koyo goreng telo

sapi manak larang regane
anak limo bedo bapake
Ange ange orong orong
ora melu gawe melu momong
oleh rondo, rondone ompong
duwe anak sak gedhe kingkong
Ange ange orong orong
ora melu gawe melu momong

rondo tuo anak e limo
turu bareng ngumpul sak kloso

alun alun nganjuk

Lunga tak anti-anti kapan nggonmu bali
Mecak’e endahing wengi kutha Nganjuk iki
Sumilir angin wates nggugah kangene ati
Apa kowe ora ngerteni
Kowe tak kangeni

Ning alun-alun tak goleki
Terminal tasiun tak ubengi
Senajan setahun tak enteni
Tresnamu sing tak gondheli

Lali tenan to dhik nggonmu janji-janji ?
Disekseni lampu alun-alun iki
Lali tenan to dhik karo aku iki ?
Ning terminal stasiun nggonku nggoleki

antepingsih

Anteping sih

Sakabehe ndak antepi aku tansah
nyenyuwun Ywang widdi
tinebihna hing godha rencana ayomana
mring kawula
sakiki ndak anti - anti bisawa dadya ati sawiji
muga muga kasembadanana sakabehe panyuwunku
kabeh pepasthen iku datan bisa den selako
marga tri prakara jodho begja pati tan ngrawuhi
akanthi meneping ati rinasa entheng kang ndhak lakoni
kang ndhak esti bisawa kelakon ing tembe manggya
kamulyan

anting anting

Anting-anting
Ting anting mbang cempaka
Tanda mata saka seliramu
Ting anting tandha tresna
Lahir batin sineksen lintange luku
Ling eling dhek semana
Rembulane ketutupan mega
Gawe kekesing ati
Nganti-anti tekane si jantung hati
Anting-anting dhik kembang cempaka
Wohing aren mbok yo eling dhek semana
Emprit ganthil mencok neng witing pari
Tansah kumanthil ana njeroning ati
Ali-ali dhik kembang kuningan
Dilali-lali malah tambah kelingan
Manuk gemak mencok neng witing sawo
Bareng penak yo mas yo jo ngona ojo ngono
Ting-anting mbang cempaka
Tanda mata uga tanda tresna
Ling-eling dhek semana
Yen ra nyandhing rasane neng ati gela

atiku lego

Atiku rumongso lego,
Dene klakon catur netro..
Lan kanti roso tresno,
Amung tansah dadi linduran..

Kurang luwih telung taun,
Anggonku tansah ngalamun..
Saben ing wanci bangun,
Uwis manteb ora getun..

Mesemo wong manis, ojo uwis uwis..
Mrih dadi wusodo, loro wuyung..
Cedhak’o lungguhmu, ojo ragu ragu
Prasasat ketiban ndaru..

Saiki uwis kepethuk,
Dadi rujuk manthuk manthuk..
Ngilangke roso jemu,
Ati lego wis ketemu..

reff :
Atiku rumongso lego,
Dene klakon catur netro..
Lan kanti roso tresno,
Amung tansah dadi linduran..

Kurang luwih telung taun,
Anggonku tansah ngalamun..
Saben ing wanci bangun,
Uwis manteb ora getun..

Mesemo wong manis, ojo uwis uwis..
Mrih dadi wusodo, loro wuyung..
Cedhak’o lungguhmu, ojo ragu ragu
Prasasat ketiban ndaru..

Saiki uwis kepethuk,
Dadi rujuk manthuk manthuk..
Ngilangke roso jemu,
Ati lego wis ketemu..

ayun ayun

AYUN-AYUN

Ayun ayun gobyog gawe gumun tekun,
Sarta rukun, akeh kang kayungyun,
Dadi srana iku , dhatan jemu,
Nyawiji ing panemu ,condongin kalbu.

ajuring atiku

Laraning atiku,
Bareng krungu ngendikamu..
Koyo koyo ri marong,
Sing tumancep sak jroning atiku..

Nanging ra tak roso,
Mung eluhku kang tumetes..
Ketes nelesi pipi,
Nganti tembus sak jroning atiku..

Ajur mumur atiku,
Kejot sumingkir rasaning pikir..
Timbang mikir ketir ketir,aduh..
Becik aluwung sumingkir..

Ajuring atiku,
Nora keno ditambani..
Yo mung donga-dinonga,
Mugo mugo slamet sak laminyo..

reff:
Laraning atiku,
Bareng krungu ngendikamu..
Koyo koyo ri marong,
Sing tumancep sak jroning atiku..

Nanging ra tak roso,
Mung eluhku kang tumetes..
Ketes nelesi pipi,
Nganti tembus sak jroning atiku..

Ajur mumur atiku,
Kejot sumingkir rasaning pikir..
Timbang mikir ketir ketir,aduh..
Becik aluwung sumingkir..

Ajuring atiku,
Nora keno ditambani..
Yo mung donga-dinonga,
Mugo mugo slamet sak laminyo..

ali ali

Ali-ali
Ngagemo ali-aliku pamprihe
Ojo lali marang aku
Nadyan kulo mboten melu, mbesuke
Ngelingono lelabetku
Lamun embane saloko, emane
Mung tansah ndamel cuwo
Niki embane kencono pamrihe
Tansah manggiho raharjo
Yen nganti ilang mripate
Jarene nemahi rubedo
Yen nganti di nggo wong seje, mbesuke
Wis mongso bodo,a
Pilihanku mripat biru, pamprihe
Mrih sulistyo ingkang warni
Yen takon isi atiku mbesuke
Mirsanono ali-ali

cinta tak terpisahkan

Duh dhenok gandhulane ati
tegane nyulayani
janjimu sehidup semati
amung ono ing lathi
rasa sayangmu sudah pergi
tak menghiraukan aku lagi

Duh dhenok gandhulane ati
tegane nyulayani
duh kang mas jane aku tresno
lilakno aku lungo
ati ra kuat nandang roso
roso keronto ronto
cinta mu sudah gak beneran
aku cuma buat mainan
duh kang kang mas jane aku tresno lilakno aku lungo

tresna iki dudu mung dolanan
kabeh maU amargo kahanan
sing tak jaluk amung kesabaran
mugi Allah paring kasembadan

mung ngedem atiku
ben aku ra mlayu
nang tanggung jawabmu iku palsu

denok aku cinta beneran
dan akan ku buktikan
bapak ibuku akan datang melamar dikau sayang
hati ku slalu mendoakan
semoga tuhan mengabulkan
cinta kita tak terpisahkan
walau diakhir jaman