Monday, June 13, 2016

blegedut

Blegedut

enek - enak neng omah gumlethsk
tangi - tangi yen wis dicepaki
piring kolak lawuh iwak branak
kebul - kebul wedang kopi paitlegi

ono pring, pringe awoh manggis
sang blegedut karo lenggat - lenggut
nyambi udut kebut koyo pedhut
manggut - manggut nglaras suwarane kutut

elok yen digagas elok
njagakke kayane wong wedok
teko lungo ra disopo
koyo wis pasrah mongso bodho, o
wong mukti ojo dimereni
kabeh kuwi gusti sing maringi
wus bejane, bejo dewe - dewe
mugo - mugo bisa awet selawase

No comments:

Post a Comment