Monday, June 13, 2016

batman ndeso

Aku iki dudu superman
Aku iki dudu Batman
Aku iki mung bocah ndeso
cedak watu adoh rojo

Omah gedeg pinggir kalen
Gaweyanku mung golek damen
Sapi siji wedusku telu
Warisane wong tuaku

Nadyan urip neng ndeso anging atiku lilo
Nadyan urip rekoso nanging ora tak roso
Urip neng ndeso ...

Reff. Saben dino neng sawah - macul lan nyebar gabah
Nanging ati iki tansah sumringah

Bungah rasane ati - panen wis tekan wanci
Kabeh Tonggo dho ngewangi

Ora nyono aku ra ngiro
Saiki dadi polo deso
Tak umpamakno aku rojo
Pengin gawe makmure negoro

No comments:

Post a Comment